Kamis, 14 Maret 2013

MEDHAR SABDA BASA JAWA


ENDAH KURNIAWATI
A. 310 100 045
Kelas VI A

a.      Purwaka
Minangka pambuka inggih purwakaning atur, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji astuti, raos sukur wonten ngarsadalem Alloh S.w.t., Pangeran Ingkang Mahawikan dene kita sedaya tansah pinaringan kasarasan saha kekiyatan sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Kurniawan sekalian.
Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasululloh SAW, minangka rohmatan lil ‘alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih perkawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadits. Menawi kekalih gegebengaan menika tansah kita tindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan…Amiin.
Kula minangka sulih salira inggih talanging basa panjenenganipun Bapak Kurniawan,  angaturaken pambagya sugeng rawuh saha angaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sedaya kersa anyisihaken saha hanglonggaraken wekdal tuwin penggalih, kersa rawuh wonten dalemipun Bapak Kurniawan kanthi lega-legawaning penggalih saperlu anuhoni serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken. Ingkang menika mugi sami dipunprayogekaken anggenipun sami lelenggahan kanthi mardawa mardikaning penggalih dumugi paripurnaning wiwahan ing siyang menika.
b.      Panutup
Minangka panutuping atur, menawi anggen kula matur minangka sulih salira inggih talanging basa panjenenganipun Bapak Kurniawan angaturaken wigatining gati kathah kekiranganipun, kula tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar